Munggahe srengenge pas subuh

Antepe ati sing lagi rapuh

Fajar endah kaya unine pupuh gambuh

Tapi uripe manungsa wis keruh

Ana sing bungah ana sing kelangan lauh

Jamane wis kebek ding wong pada ngeluh

Ati peteng, emoh maring kawruh

Ninggal ibadah nganti tiange rubuh

Ilang arah, mripate ora weruh


Fajar nyatane ora pernah abadi

Ana akeh kedadian sing bakal terjadi

Gelem ora gelem kabeh hal bakal dumadi

Demen ora demen kabeh peristiwa bakal dumadi

Apik ora apik saben dalan bakal dilewati

Tapi aja nganti uluh terus mrebes mili


Ana akeh hal sing gawe ati bungah

Rupa macem peristiwa sing gawe wegah

Dadi bener juga salah

Putih ireng obah-obah

Yen bisa ya ayo, nek ora ya rusah

Aja sokan ngerasa paling gagah

Tapi aja juga ngerasa paling payah

Tetegna ati

Ora ana hal sing ora mungkin