Nyong kudu ngerteni
Hubungane Pencipta karo ciptaane
Manuk sing mabur, mawar sing wangi, karo manungsa sing seneng ngersulah
Esuk ngersulah, kiye ngersulah, wingi ngersulah
"Duh gusti kaya kiye temen uripku" monine
Fajar sing semunar cahyane
Adem ning mata, tentrem ning ati
Isino karo Gusti, karo kabeh bagus ciptaane
Seneng ngeluhe, laka suwune
Alam dunya luber kenikmatan
Langit sing biru jembar, tetimpa saben pandungo
Alas sing ijo rupane, netepi saben panyuwun
Manuk wis duwur, mawar wis ambrol, manungsa esih ngersulah
Segoro kalah ambane karo pangarepe manungsa
Yakin maring nikmate, ora biasa syukure
Nyong saiki wis ngerti
Hubungane Pancipta karo ciptaane
0 Komentar